Assalamualaikum
warahmatullohi wabarakatuh
Dewan juri inkang kulo hormati, kanca – kanca ingkang kulo
tresnani. Wonten dinten menika kulo badhe ngaturaken dongeng cerita rakyat
saking Jwata Tengah ingkang judulipun Timun Mas. Konca – konco sampun nate mireng
dongeng Timun Mas ? maonggo sami dipun mirengaken !
Timun Mas
Rikala jaman rumiyen ing
dhusun sapinggiripun wana wontenpiyantun putri ingkang sampun sepuh yuswanipun.
Mboten kagungan putra, gesang piyambakan, Mbok Srindil asmanipun. Padamelan
Mbok Srindil pados kayu bakar dhateng wana, lajeng dipun sade dhateng peken.
Hasil saking kayu bakar kalawan, namung cekap kangge nedha sabendintenipun.
Sawijining dinten Mbok Srindhil ketingal sayah lenggah sela ageng wonten ing
satengahing wana. Mbok Srindhil ketingal sedhihlan nyenyuwun dhumateng Gusti
ingakang Maha Kuaos. “ Duh Gusti ... panjenengan paringi kawelasan dhumateng
kulo, mugi panjenengan paringi putra supados dados rencang gesang kulo). Wekdal
Mbok Srindhil ngalamun, dumadaan wonten swanten gembludhug. Mbok Srindhil kaget
bilih swanten menika suwanten Reseksa ageng ingkang awon rupanipun. Reseksa
nyaketi Mbok Srindhil, ucape reseksa mekaten ( “Hee Mbok Srindhil, apa sing
mbok pikir kok katon susah? Hemmm....”). Mbok Srindhil lajeng njawab (“
Raseksa, uripku sepi, amarga ora duwe kanca. Kuwi sing ndadekake pikiranku
susah”). Raseksa banjur ngomong (“ Hee ... Mbok Srindhil yen koe pengen duwe
kanca utawa anak, awakmu tak wenehi iki”). Reseksa menehi barang kang awujud
isi timun banjur buto ijo ngomong (“ iki tanduren neng kebonmu. Mengko yen
timun wayahe mateng, ing njero timun ana bayine. Nanging yen bocah mau umur 6
th bakal tak dadekne pangananku”). Amargi reseksa niku panganane daging
manungsa. Mbok Srindhil tanpa dipenggalih malih nyanggupi janjinipun Reseksa
menika. (“ ya Reseksa... yen mengkono karepmu, aku manut”). Raseksa lajeng
kesah saking dalemipun mbok Srindhil.
Sawentawis wekdal, wiji timun ingkang dipun tanem mbok
Srindhil sampun awoh. Salah satunggale awujud timun ageng arupi kuning ingkang
ndadosaken gumunipun mbok Srindhil. Sak sampunipun timun menika sepuh, Mbok
Srindhil methik timun dipun asta kondor. Timun dipun sigar alon – alon, mbok
Srindhil kaget. Timun ingkang dipun sigar jumedhul jabang bayi putri ingkang
ayu rupanipun. Jabang bayi menika dipun paringi asma Timun Mas. Sang saya
ageng, Timun mas dados lare ingkang ayu, sehat, trampil, cekatan, ugi bekti
dhateng tiang sepuh. Nanging menawi emut janji Reseksa rikala semanten, Mbok
Srindhil sedhih. Amargi yuswa Timun Mas sampun meh 6 th. Dhumadaan wonten
swanten dhug... dhug Raseksa nagih janjinipun. (“Hee Mbok Srindhil...aku nagih
janji. Anakmu wis wayahe dadi pangananku. Anakmu mesti wes enek banget daginge
“). Mbok Srindhil mangsuli (“Reseksa, nanging kowe kudu sabar, amargi bocah kui
durung gedhe, durung enak daginge. Entenono 2 th meneh, mengko dak pasrahke
kowe”). (“ Ya Mbok Srindhil, yen koe ngapusi, kowe bakal dak pateni lan dadi
dadi pangananku”). Saben dhinten Mbok Srindhil nyuwun dhumateng Gusti ingkang
Maha Kuwaos. (“ Duh Gusti .... kulo nyuwun dhateng panjenengan Gusti... mugi –
mugi Timun Mas mboten dados pangananipun Reseksa Gusti... nyuwun pitulangan
panjenenganipun Gusti...”).
Dalunipun Mbok Srindhil ngimpi kepanggih pawongan ingkang
ngagem sarwo pethak lan ngendhika dhateng mbok Srindhil. (“ Mbok Srindhil, aja
susah, yen Reseksa teko ing papanmu, timun Mas gawanana barang 4 cacahe.
1.
Isi timun
2.
Jarum
3.
Uyah
4.
Trasi
Barang mengko diuncalne
Reseksa yen Timun Mas kahanane kepeksa”.) mbok Srindhil nyanggupi sedaya mau.
Ngepasi wekdal ingkang sampun dijanjekaken Reseksa, Timun Mas sampun diparingi
sekawan barang kalawau. Kaliyan mbok Srindhil. Wekdal Reseksa dumugi, timun Mas
didhawuhi mlajar dene mbok Srindhil. (“ enggal mlayu Timun Mas, slametno
awakmu”). Reseksa terus nguber Timun Mas . (“Timun Mas... mandheg Timun Mas
....”). sak sampunipun reseksa meh kecandhak, timun mas nyebar isi timun.
Dumadaan dados kebon timun ingkang rengket. Raseska dadi alon playunipun,
amergo mondhag mandeg kaleh maem timun menika. Sak sampunipun timun telas,
reseksa nggacar timun mas meleh. Sak sampunipun saya caket, Timun mas nyebar
jarum. Dhumadaan jarum wau dados alas deling ingkang lancip – lancip, ingkang
nganggu playunipun reseksa. Sak sampunipun timun mas meh kecandhak maleh, Timun
mas nyebar sarem. Dhumadakan sarem menika dados segara. Reseksa sempoyongan meh
kerem wonten segara. Akhiripun dhumugi pinggir segara. Reseksa mlajar nggacar
Timun mas. Timun mas banjur mbalangake trasi ing sak tengahipun toya. Trasi dados
lahar ingkang benter sanget. Akhiripun reseksa kelem ing wonten lahar menika. (“
duh Gusti, mboten wonten ingkang saget paring pitulungan kejawi namung
panjenengan Gusti .... Alhamdulillah reseksa sampun pejah Gusti”). Kanthi pejahipun
reseksa timun mas slamet lan gesang kaliyan mbok Srindhil kanti tentrem.
Menika kala wau dewan juri lan kanca – kanca sedaya
dongenge Timun mas ingkang saget kulo aturaken. Saking dongen menika, wonten
petuah – petuah kangge kulo lan kanca – kanca inggih menika, sedaya tumindhak
ingkang awon mesthi bakal sirna, kulo lan panjengan namung saget nyuwun pitulungan
dhumateng Gusti ingkang maha kuaos kemawon.
Kula kinten cekap sementen dongeng ingkang saget kulo
aturaken, menawi wonten kalepatan anggen kulo matur, kulo nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh.