Friday, April 22, 2022

 

Assalamualaikum warahmatullohi wabarakatuh

          Dewan juri inkang kulo hormati, kanca – kanca ingkang kulo tresnani. Wonten dinten menika kulo badhe ngaturaken dongeng cerita rakyat saking Jwata Tengah ingkang judulipun Timun Mas. Konca – konco sampun nate mireng dongeng Timun Mas ? maonggo sami dipun mirengaken !

Timun Mas

Rikala jaman rumiyen ing dhusun sapinggiripun wana wontenpiyantun putri ingkang sampun sepuh yuswanipun. Mboten kagungan putra, gesang piyambakan, Mbok Srindil asmanipun. Padamelan Mbok Srindil pados kayu bakar dhateng wana, lajeng dipun sade dhateng peken. Hasil saking kayu bakar kalawan, namung cekap kangge nedha sabendintenipun. Sawijining dinten Mbok Srindhil ketingal sayah lenggah sela ageng wonten ing satengahing wana. Mbok Srindhil ketingal sedhihlan nyenyuwun dhumateng Gusti ingakang Maha Kuaos. “ Duh Gusti ... panjenengan paringi kawelasan dhumateng kulo, mugi panjenengan paringi putra supados dados rencang gesang kulo). Wekdal Mbok Srindhil ngalamun, dumadaan wonten swanten gembludhug. Mbok Srindhil kaget bilih swanten menika suwanten Reseksa ageng ingkang awon rupanipun. Reseksa nyaketi Mbok Srindhil, ucape reseksa mekaten ( “Hee Mbok Srindhil, apa sing mbok pikir kok katon susah? Hemmm....”). Mbok Srindhil lajeng njawab (“ Raseksa, uripku sepi, amarga ora duwe kanca. Kuwi sing ndadekake pikiranku susah”). Raseksa banjur ngomong (“ Hee ... Mbok Srindhil yen koe pengen duwe kanca utawa anak, awakmu tak wenehi iki”). Reseksa menehi barang kang awujud isi timun banjur buto ijo ngomong (“ iki tanduren neng kebonmu. Mengko yen timun wayahe mateng, ing njero timun ana bayine. Nanging yen bocah mau umur 6 th bakal tak dadekne pangananku”). Amargi reseksa niku panganane daging manungsa. Mbok Srindhil tanpa dipenggalih malih nyanggupi janjinipun Reseksa menika. (“ ya Reseksa... yen mengkono karepmu, aku manut”). Raseksa lajeng kesah saking dalemipun mbok Srindhil.

          Sawentawis wekdal, wiji timun ingkang dipun tanem mbok Srindhil sampun awoh. Salah satunggale awujud timun ageng arupi kuning ingkang ndadosaken gumunipun mbok Srindhil. Sak sampunipun timun menika sepuh, Mbok Srindhil methik timun dipun asta kondor. Timun dipun sigar alon – alon, mbok Srindhil kaget. Timun ingkang dipun sigar jumedhul jabang bayi putri ingkang ayu rupanipun. Jabang bayi menika dipun paringi asma Timun Mas. Sang saya ageng, Timun mas dados lare ingkang ayu, sehat, trampil, cekatan, ugi bekti dhateng tiang sepuh. Nanging menawi emut janji Reseksa rikala semanten, Mbok Srindhil sedhih. Amargi yuswa Timun Mas sampun meh 6 th. Dhumadaan wonten swanten dhug... dhug Raseksa nagih janjinipun. (“Hee Mbok Srindhil...aku nagih janji. Anakmu wis wayahe dadi pangananku. Anakmu mesti wes enek banget daginge “). Mbok Srindhil mangsuli (“Reseksa, nanging kowe kudu sabar, amargi bocah kui durung gedhe, durung enak daginge. Entenono 2 th meneh, mengko dak pasrahke kowe”). (“ Ya Mbok Srindhil, yen koe ngapusi, kowe bakal dak pateni lan dadi dadi pangananku”). Saben dhinten Mbok Srindhil nyuwun dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos. (“ Duh Gusti .... kulo nyuwun dhateng panjenengan Gusti... mugi – mugi Timun Mas mboten dados pangananipun Reseksa Gusti... nyuwun pitulangan panjenenganipun Gusti...”).

          Dalunipun Mbok Srindhil ngimpi kepanggih pawongan ingkang ngagem sarwo pethak lan ngendhika dhateng mbok Srindhil. (“ Mbok Srindhil, aja susah, yen Reseksa teko ing papanmu, timun Mas gawanana barang 4 cacahe.

1.     Isi timun

2.     Jarum

3.     Uyah

4.     Trasi

Barang mengko diuncalne Reseksa yen Timun Mas kahanane kepeksa”.) mbok Srindhil nyanggupi sedaya mau. Ngepasi wekdal ingkang sampun dijanjekaken Reseksa, Timun Mas sampun diparingi sekawan barang kalawau. Kaliyan mbok Srindhil. Wekdal Reseksa dumugi, timun Mas didhawuhi mlajar dene mbok Srindhil. (“ enggal mlayu Timun Mas, slametno awakmu”). Reseksa terus nguber Timun Mas . (“Timun Mas... mandheg Timun Mas ....”). sak sampunipun reseksa meh kecandhak, timun mas nyebar isi timun. Dumadaan dados kebon timun ingkang rengket. Raseska dadi alon playunipun, amergo mondhag mandeg kaleh maem timun menika. Sak sampunipun timun telas, reseksa nggacar timun mas meleh. Sak sampunipun saya caket, Timun mas nyebar jarum. Dhumadaan jarum wau dados alas deling ingkang lancip – lancip, ingkang nganggu playunipun reseksa. Sak sampunipun timun mas meh kecandhak maleh, Timun mas nyebar sarem. Dhumadakan sarem menika dados segara. Reseksa sempoyongan meh kerem wonten segara. Akhiripun dhumugi pinggir segara. Reseksa mlajar nggacar Timun mas. Timun mas banjur mbalangake trasi ing sak tengahipun toya. Trasi dados lahar ingkang benter sanget. Akhiripun reseksa kelem ing wonten lahar menika. (“ duh Gusti, mboten wonten ingkang saget paring pitulungan kejawi namung panjenengan Gusti .... Alhamdulillah reseksa sampun pejah Gusti”). Kanthi pejahipun reseksa timun mas slamet lan gesang kaliyan mbok Srindhil kanti tentrem.

          Menika kala wau dewan juri lan kanca – kanca sedaya dongenge Timun mas ingkang saget kulo aturaken. Saking dongen menika, wonten petuah – petuah kangge kulo lan kanca – kanca inggih menika, sedaya tumindhak ingkang awon mesthi bakal sirna, kulo lan panjengan namung saget nyuwun pitulungan dhumateng Gusti ingkang maha kuaos kemawon.

          Kula kinten cekap sementen dongeng ingkang saget kulo aturaken, menawi wonten kalepatan anggen kulo matur, kulo nyuwun pangapunten.

          Wassalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh.